Jakatuwa
Jakatuwa | |
---|---|
Jakatuwa putih | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Psittaciformes |
Famili: | Cacatuidae G.R. Gray, 1840 |
Subfamily | |
Microglossinae Calyptorhynchinae Cacatuinae |
Jakatuwa (suku Cacatuidae) kalebu jinis manuk hias kang nduwéni wulu kang éndah.[1] Jakatuwa nduwéni swara lengkingan swara kang banter.[1] Spesiés iki salah sijiné manuk kang pinter lan apik.[1] Manuk iki kerep digunakaké ing acara-acara hiburan ing kebon raja lan ing panggonan hiburan liyané.[1]
Spesies iki urip ing panggonan kang dhuwuré 0-1520 mèter saka lumah laut.[1] Jakatuwa lumrahé urip klompokan.[1] Jakatuwa nduwéni umur kang dawa kurang luwih nganti 60 taun luwih.[1]
Jinis
[besut | besut sumber]Jinis Jakatuwa-kecil Jambul-kuning (basa Inggris: Yellow-crested Cockatoo) lumrahé urip pasang-pasangan utawa klompokan kang cacahé luwih cilik.[1] Jakatuwa nduwéni elar kang kuwat nalika mabur, saéngga bisa mabur kanthi rikat.[1] Yèn mabur uga diselingi obahan nglayang lan ngocéh.[1] Nalika lagi ngoceh saka panggonané menclok, manuk jakatuwa bakal ngedegaké jambulé banjur dimudhunaké manèh.[1] Jakatuwa kalebu manuk kang langka awit diburu manungsa lan didadèkaké manuk hias lan diingoni.[1]
Habitat
[besut | besut sumber]Jakatuwa urip ing alas primer lan sekunder kang dhuwuré lan ing pinggir alas, jakatuwa uga urip ing alas monsun Nusa Tenggara, alas kang dhuwur lan akèh semak-semak kang wité jarang.[2] Saka lumah sagara nganti panggonan kang dhuwuré 900 m ing (Sulawési), 1520 m (Lombok), 1000 m (Sumbawa), 700 m (Flores), 950+ m (Sumba) lan 500+ m (Timor).[2] Déné manuk Jakatuwa Maluku (basa Inggris: Salmon-crested Cockatoo) lumrahé urip dhéwé, manuk jinis pasangan lan ing golongan cilik.[2] Manuk jinis iki turu ing wit nganti cacahé 16 manuk.[2] Sanajan katon mabur ing sandhuwuré kanopi nanging akèh-akéhé mabur ing sangisoré kanopi.[2] Jakatuwa luru mangan lan nduwéni sebaran habitat ing tlatah Seram, Ambon, Haruku lan Saparua.[2] Jakatuwa manggon ing alas primer lan sekunder kang dhuwur, alas kang rusak lan urip ing sandhuwuré sagara nganti dhuwuré 1000 m.[2]