Wikipedia:Rika Weruh Ora/Januari
Praèn
1 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/1 Januari
2 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/2 Januari
3 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/3 Januari
4 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/4 Januari
5 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/5 Januari
6 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/6 Januari
7 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/7 Januari
8 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/8 Januari
9 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/9 Januari
10 Januari
[besut sumber]Wikipedia:Rika Weruh Ora/10 Januari
11 Januari
[besut sumber]- "... nek crita Kembang Wijayakusuma, salah siji crita rakyat sekang dhaerah Banyumasan, kuwe akeh versine?"
- "... nek Jenderal Gatot Soebroto kuwé bapa angkaté Bob Hasan, pengusaha kondang lan bekas Menteri Perindustrian dan Perdagangan Indonesia?"
- "... nek molai taun 2000 larangan agama Kong Hu Cu dicabut Presiden Abdurrahman Wahid liwat Keppres No. 6/2000, sekaligus ngakoni sebagai agama resmi negara?"
12 Januari
[besut sumber]- "... nek Prof. Dr. Yahya Muhaimin, mantan Menteri Pendidikan Nasional, kuwe lair nang Bumiayu, Brebes?"
- "... nek Universitas Jenderal Soedirman utawa Unsoed kuwe salah siji perguruan tinggi negeri sing manggone nang kota Purwokerto, Jawa Tengah?"
- "... nek Perserikatan Bangsa-Bangsa didirikna nang San Francisco tanggal 24 Oktober 1945 seuwise Konferensi Dumbarton Oaks nang Washington, DC?"
13 Januari
[besut sumber]- "... nek Babad Banyumas ora bisa dipisah karo sejarah Kerajaan Galuh Purba? Kerajaan kiye dibangun nang sekitar Gunung Slamet, ning bar kuwe pusat kerajaane pindah maring Garut-Kawali."
- "... nek wit anggur kuwe jinis woh-wohan sing ora usum-usuman? Tanduran kuwe tahan urip mataun-taun lan arupa grumbul sing tumbuhe mrambat."
- "... nek Leonardo da Vinci, pelukis kondang Italia sing nglukis Monalisa, uga melu majokna ilmu anatomi, astronomi, teknik sipil, lan uga kuliner?"
14 Januari
[besut sumber]- "... nek Propinsi Jawa Tengah ditetapna secara administratif dadi propinsi miturut Undang-Undang Nomer 10 taun 1950?"
- "... nek nang India lan Filipina, dhuwet utawa juwet uga dipangani kaya nang tlatah Jawa? Dhuwet sing matèng dipangani dicampur karo uyah lan bisa uga ditambahi gula."
- "... nek Mahabharata kuwe salah sijining karya sastra kuno sekang India sing isiné ana wolulas kitab?"
15 Januari
[besut sumber]- "... nek Kabupaten Pemalang, salah siji kabupaten nang Jawa Tengah, kuwe mottone Pancasila Kaloka Panduning Nagari?"
- "... nek Ki Timbul Hadiprayitno, dalang wayang kulit sing kondang banget kuwe, asline sekang Purworejo, Jawa Tengah?"
- "... nek tanggal sing dienggo dadi tanggal lairé kerajaan Majapahit kuwe dina penobatané Raden Wijaya dadi ratu? Tanggal 15 wulan Kartika 1215 Saka kuwe padha karo tanggal 10 November 1293 Masehi."
16 Januari
[besut sumber]- "... nek sing ngibing Ebeg, salah siji tari tradisional khas Banyumasan, nek wis kesurupan tingkahe pada aneh-aneh, ana sing mangan beling, mangan geni, ana sing polahe dadi kaya kewan? Kesenian kiye mirip karo Jathilan, Jaran Kepang utawa Kuda Lumping sing populer nang wilayah liyane."
- "... nek ramane Chris John, Djohan Tjahjadi sing bekas petinju amatir, nglatih Chris John karo adine Adrian awit umur cilik, yakuwe sekitar umur nem taun?"
- "... nek Kali Serayu kuwe kali sing ngalir nang wilayah kidul Propinsi Jawa Tengah?"
17 Januari
[besut sumber]- "... nek kebiasaan ngombe teh poci utawa moci uwis jadi tradisi kanggone wong Tegal, kiye disebabake pertumbuhan pabrik-pabrik teh ning Tegal taun 1930-an sing nyebabna timbule tradisi kuwe?"
- "... nek awu vulkanik kuwe awu sing asale sekang gunung api? Awu vulkanik bisa metu nek gunung api kuwe njeblug."
- "... nek Benteng Pendem nang Cilacap kuwe bekas markas pertahananane tentara Landa sing dibangun tuk sending sekang tahun 1861 nganti 1879, lan ambane 6,5 hektar?"
18 Januari
[besut sumber]- "... nek Kuntulan kuwe jenis kesenian Islami sing dasare sekang gerakan jurus-jurus silat, ning gerakane dimodifikasi ben dadi apik?"
- "... nek Kenthong kuwe digawe sekang tugelan pring sing dibolongi sedawa ros nang pinggire? Jaman gemiyen fungsi utamane nggo alat woro-woro, lan siki umume fungsine mung nggo kesenian pertunjukan lan uga hiasan nang omah-omah."
- "... nek Pahonjean kuwe salah siji desa nang Majenang, Cilacap? Kata kuwe asale sekang honje (basa Sunda, nek basa Jawane onje utawa kecombrang), sing biasane dinggo campuran rujak uleg apa rujak bebek."
19 Januari
[besut sumber]- "... nek Sroto Sokaraja karo getuk goreng kuwe panganan khas sekang Sokaraja, salah siji kecamatan nang Kabupaten Banyumas?"
- "... nek kinjeng utawa uga diarani semprang lan coblang, kuwe srangga sing arang ana nang papan sing adoh karo banyu? Banyu kiye papané kanggo ngendhog lan ngentèkaké anak-anaké."
- "... nek semangka kuwe tanduran mrambat sing asalé sekang dhaérah setengah gurun nang Afrika bagéyan kidul?"
20 Januari
[besut sumber]- "... nek Sulasih-Sulandono kuwe legenda kondang sing urip nang wilayah pantura, utamane nang sekitar Pemalang tekan Pekalongan?"
- "... nek kalendher Masehi, utawa uga diarani kalendher Gregorian, kuwe diciptakna jalaran kalendher Julian digagas uwis kurang akurat? Kuwe amarga wiwitan musim semi soyo maju, dadi perayaan Paskah sing uwis disarujuki wong kabeh dadi ora tepat maning."
- "... nek nang saben 378 dina, Bumi, Saturnus, karo Srengenge bakal ana nang siji garis lurus?"
21 Januari
[besut sumber]- "... nek Dialek Banten Lor utawa Jawa Serang kuwe dituturna utamane nang sisih lor Kabupaten Serang, Propinsi Banten? Dialek Banten Lor kiye dianggep dialek basa Jawa kuna tur akeh kenang pengaruh basa Sunda karo basa Betawi."
- "... nek Mozart kuwe nduwe jeneng asli Johannes Chrysostomus Wolfgangus Gottlieb Mozart? Dheweke komponis musik klasik Eropa sing paling penting lan paling kondang nang donya."
- "... nek negara Thailand jaman ganu cokan diarani Siam? Kata "Thai" (ไทย) nang basa Thai kuwe maknane kebebasan. "
22 Januari
[besut sumber]- "... nek Sate Tegal kuwe sate khas sekang daerah Tegal sing digawe sekang daging kambing utawa domba enom?"
- "... nek Pelem kuwe asalé sekang nagara India? Tanduran pelem banjur nyebar nang tlatah tropis liyane, kalebu Asia Tenggara lan Indonesia."
- "... nek Marie Curie kuwe wong wadon sing olih Hadiah Nobel nang rong bidang? Dheweke menangna Nobel Fisika taun 1903 lan Nobel Kimia taun 1911, lan bareng karo garwane Pierre Curie uga nemokna unsur radium."
23 Januari
[besut sumber]- "... nek legenda Raden Kamandaka dikenal ora mung nang daerah Banyumasan, legenda kiye uga dikenal nang tanah Sunda? Nang tanah Sunda biasane diarani legenda Lutung Kasarung."
- "... nek Waduk Mrican, sing panggonane 10 km sekang pusat kota Banjarnegara, kuwe jeneng resmine Bendungan Panglima Besar Sudirman? Waduk kiye sejatine PLTA kanggo nyukupi kebutuhan listrik Jawa Bagian Kulon karo Bali."
- "... nek sastrawan kondang Banyumas Ahmad Tohari uwis nglairna novel Ronggeng Dukuh Paruk taun 1982, lan karya kuwe diadaptasi maning dadi filem sing arane Sang Penari taun 2011?"
24 Januari
[besut sumber]- "... nék saben taun konsumen Amerika Serikat kuwe mangan 1,27 milyar kg cokelat, meh separone sekang kabeh pasokan donya?"
- "... nék pemain sepak bola Italia, Raimundo Orsi bali maning ming stadion sedina seuwise final Piala Dunia 1934 nggo nidokna tendangan lengkunge sing spektakular, sementara para juru foto wis siap-siap nggo njikot gambar sing nyiptakna gol kemenangan nang babak final? Orsi njajal lewih sekang ping 20 mbaleni tendangan sing pada nang nggon sing padha, ningen gagal baen!"
25 Januari
[besut sumber]- "... nék sedurung taun 1850 bir ora di-dol nang kaleng? Won sing arep tuku kudu lunga maring pasar nggawa ember utawa mobil truk sing digawe khusus nggo wadah bir, ngiseni, banjur digawa bali."
- "... nék bledeg teyeng nyamber bumi karo ngetokna listrik sing kekuatane gutul 100 juta volt?"
- "... nék manuk elang teyeng nyerang, mateni, lan nggawa mangsane sing gedhene padha karo menjangan enom? Lha nek panganane elang Harpy sekang Amerika Selatan kuwe kera."
- "... nék mamalia sing paling dhuwur yakuwe jerapah?"
- "... nék setaun kuwe jantunge dhewek teyeng berdetak nganti ping 40.000.000?"
- "... nék ana aturan lokal nang Atwoodville, Connecticut sing nyatakna nék wong ora oling dolanan Scrabble dong lagi ngenteni gilirane politikus ngomong?"
26 Januari
[besut sumber]- "... nék jeneng lengkap pengarang buku seri detektif Agatha Christie kuwe Agatha May Clarissa Miller Christie Mallowan?
- "... nék Liga Inggris kuwe kompetisi Bal-balan paling akeh ditonton sadonya?"
- "... nék Napoleon Bonaparte seneng banget karo jaran sing wernane putih, nganti dheweke duwe sekurang-kurange 50 ekor!""
- "... nék Hitler dipilih nang Majalah "Time" dadi "Tokoh Taun Kiye" dong taun 1938?"
- " ... nék Benediktus IX kepilih dadi paus dong umure 11 taun? Dheweke uga siji-sijine paus sing njabat nganti ping 3 nang periode sing kepisah!"
- " ... nék baya sing tembe netes gedhene ping telune ukuran endog baya, panggonane sedurunge lair?"
27 Januari
[besut sumber]- "... nék Stadion Gajayana nang Kota Malang kuwe stadion olahraga paling tua nang Indonesia? Stadion kiye didegna dong taun 1924."
- "... nék bayi jerapah kuwe dhuwure 1,82 meter dong tembeke lair?"
- "... nék saben taun ana 600.000 wong sing teka ming Graceland nang Tennessee sing dadi panggonane Elvis Presley dong egin urip?"
- "... nék taun 2006 Jacqueline Williams sekang Flint, Michigan, Amerika Serikat, kelangan sambungan listrik nang omaeh nganti 7 jam jalaran utange maring perusahaan listrik neng kana? Lan jumlah utange kuwe mung 1 sen utawa kurang-lewih Rp. 95!"
- " ... nék nang jalur rel sepur antara Stasiun Padalarang gutul Stasiun Purwakarta ana kurang-lewih 400 jembatan sepur?
28 Januari
[besut sumber]- "... nék pemerentah Indonesia kudu nalangi ora kurang sekang Rp 660 triliun jaminan maring dana masyarakat dong kedaden "krismon"? Angka kiye gutul 60%-ne sekang PDB Indonesia taun 1999 lan paling larang sajroning sejarah pemulihan perbankan nang donya."
- "... nék pembuka panganan kaleng diciptakna 48 taun seuwise panganan kaleng dikenalna?"
- "... nék dawane bayi paus biru dong tembe lair kuwe 7,62 meter?"
- "... nék seekor lobster merlokna wektu nganti 7 taun nggo tuwuh nganti 0,46 kg?"
- "... nék saben menit, ana sekitare 20.000 kaleng didaur ulang nang Amerika Serikat? Kaleng kiye asale sekang kaleng panganan, kaleng cat lan aerosol."
- "... nék susu unta ngandung sekitar 5,5% lemak susu, 7,5% susu lan 87% banyu?"
29 Januari
[besut sumber]- "... nék dhewek lagi krasa kesel, tuli otak lan awak-e dhewek ngetokna reaksi lan kerja ekstra nganti ngasilna zat-zat kimia lan hormon sing teyeng ngasilna air mata?"
- "... nék rata-rata won wadon ngucapna 7.000 tembung sedinane, anggere wong lanang mung 2.000 tembung?"
- "... nék sekitare 90% penderita penyakit lupus kuwe wong wadon?
- "... nék rata-rata wong kelangan 40 gutul 100 ler rambut saben dinane?"
30 Januari
[besut sumber]- "... nék dong taun pertamane VW Kodok dikenalna nang Amerika Serikat, kuwe mung 330 iji sing payu di-dol?"
- "... nék Diners Club kuwe perusahaan kartu kredit sing pertama nang donya? Frank X. McNamara molai perusahaan kuwe dong taun 1950 karo 200 orang pemegang kartu pertama."
- "... nék yo-yo dikenalna dong taun 1929 nang Donald F. Duncan? Dolanan kiye digawe dhasare sekang senjata sing digunakna nang pemburu Filipina nang abad kaping-16."
- "... nék lumba-lumba mlumpat sekang jero banyu nggo ngirit energi? Obah nang udara kuwe pancen lewih gambang timbangane obah nang jero banyu!"
31 Januari
[besut sumber]- "... nék iwak dudu pakan alamine kucing? Nenek moyange kucing kuwe asale sekang daerah gurun lan nang kana kuwe iwak angel digolet, mulane kuwe pakane kucing yakuwe tikus, manuk, lan srangga. Dong Perang Donya II, daging dadi larang lan angel goletane. Mulane kuwe sing gawe pakan kucing banjur ngganti karo iwak nggo dadi sumber protein sing murah."
- "... nék ana wong anyar, asu, utawa kucing anyar nang omah teyeng maraih kucing dadi stres?"
- "... nék ular mbutuhna wektu nganti 50 jam nggo mencerna katak siji?"
- "... nék biaya nggawe filme Titanic kuwe AS$200 juta, sementara biaya nggo gawe kapal kuwe dewek sekiye sekitare AS$123 juta?"