Wedanta
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Artikel punika bagean saking seri Filsafat Hindu | |
Ajaran Filsafat | |
---|---|
Samkhya • Yoga • Mimamsa | |
Nyaya • Vaisiseka • Vedanta | |
Ajaran Vedanta | |
Advaita • Vishishtadvaita | |
Dvaita • Shuddhadvaita | |
Dvaitadvaita • Achintya Bheda Abheda | |
Tokoh Filsafat Hindu | |
Kapila • Patanjali • Jaimini | |
Gotama • Kanada • Rsi Vyasa | |
Patengahan | |
Adi Shankara • Ramanuja | |
Madhva • Madhusūdana | |
Vedanta Desika • Jayatirtha | |
Moderen | |
Ramakrishna • Ramana | |
Swami Vivekananda • Narayana Guru | |
Ramakrishna • Ramana | |
Sri Aurobindo • Sivananda | |
Caturyuga | |
Satyayuga • Tretayuga | |
Dwaparayuga • Kaliyuga | |
Wedanta (Sanskerta: वेदान्त; Védānta) yaiku salah sawijining aliran ana ing filsafat Hindhu. Ajaran Wedanta asring uga karan Uttara Mimamsa, amarga ajaran iki neliti sapérangan kitab Weda, yaiku kitab Upanisad. Tembung Wedanta saka tembungwedasya lan antah kang ateges "pungkasaning Weda". Sumber ajaran iki yaiku kitab "Wedantasutra" utawa dikenal uga mawi nama "Brahmasutra". Pelopor ajaran iki yaiku "Maharesi Byasa", utawa kang kawentar kanthi asma Badarayana utawa Krishna Dwaipayana.[1]
Ajaran Wedanta, asring ugi ingaran kanthi tembung "Uttara Mimamsa" inggih punika "panaliten ingkang angka kalih", amargi ajaran punika naliti pérangan Weda, inggih punika Upanisad. Tembung Wedanta Asalipun saking tembung "Vedasya" saha "Antah" ingkang ngemu teges "pungkasan saking Weda". Sumber ajaran punika inggih kitab Wedantasutra utawi ingkang dipunkenal ugi kanthi nama Brahmasutra. Pelopor ajaranipun inggih punika Maharsi Vyasa, utawi dipunkenal ugi kanthi nama Badarayana utawi Krishna Dwipayana.[1]
Wonten kathah sistem ingkang ngrembaka wonten ing Wedanta, ingkang asipat realis, pluralis, monoistis sarta idealis. sadayanipun punika narima Brahman minangka realitas ingkang paling inggil. Punika pérangan-péranganing Wedanta:[1]
- Sankara, inggih punika sistem "nondualistis", miturut Sankara, Atman sami kaliyan Brahman, inggih punika esensi "subjektivitas" ingkang manunggal kaliyan esensi donya. Donya, sadayanipun gumantung kaliyan Brahman, Nanging Brahman boten gumantung kaliyan donya. Brahman inggih punika dhasar sadaya pengalaman, piyambakipun boten sami kaliyan donya, boten bènten kaliyan donya, boten "empiris", boten "objektif", sanès boten wonten, bènten sanget saking sanèsipun. Moksa utawi pembebasan diri dipuncapai kanthi praktek "devosi" saha mujudaken aji-aji etis. Punika dipuncapai nalika manungsa takdih gesang.[1]
- Ramanuja, nengenaken bènten wonten ing "non dualisme" Sankara. Donya dhiri, Brahman punika nyata, nanging donya saha dhiri punika gumantung kaliyan Brahman. Dhiri gadha "eksistensi" abadi, donya utawi materi dhiri saha Brahman mbentuk satunggal kesatuan, nanging dhiri saha donya namung minangka badan Brahman. Ing njawi Brahman boten wonten napa-napa. Punika sebabipun Ramanuja dipunsebut "nondualisme" kanthi bèntenipun, inggih punika Brahman gadhah kalih bentuk, dhiri saha materi. Seinggil-inggilipun manungsa ngrealisasikaken dhiri, Brahman taksih langkung inggil. Manungsa kedahngurmati Brahman, punika sebabipun Ramanuja nengenaken aspek kebaktian dhumateng Brahman.[1]
- Madhava, aliran ingkang ngajaraken bilih donya kaliyan dhiri inggih punika kasunyatan ingkang mardika. Brahman minangka "eksistensi" ingkang abadi, nanging donya kaliyan dhiri gumantung kaliyan Brahman.[1]
- Pasupata, Sakti saha Pancarata, sadayanipun minangka sekte ingkang dados lawan minangka katandhingaken kaliyan Weda. Wonten ing sistem pancarata, Wisnu sami kaliyan Brahman, nanging atribut-atributipun boten saged nedahaken dhiri tanpa "sakti" ingkang dipunsebut lakhsmi. Sakti punika gadhah aspek inggih punika aktivitas saha dados (activity and becoming).[2].
Manawi sakti punika aktif, kaenem atribut Wisnu memanifestasikaken dhiri wonten ing kawruh, ke-Tuhanan, kemampuan, kekiyatan, karosan, sarta kamulyan. Wonten ing sistem Pasupata (siwa). Siwa, sami kaliyan Brahman wonten ing Upanisad. Hakekatipun inggih punika “aku murni”, tanpa atribut, tanpa katrangan, kesadaran murni.[3].
Waosan langkung kathah
[besut | besut sumber]- Modern Physics and Vedanta by Swami Jitatmananda
- The Eye of Shiva. New York, William Morrow & Co. 1981. Amaury de Reincourt
- The Dancing Wu Li Masters by Gary Zukav
- The Philosophical Impact of Contemporary Physics by Milic Capek
- Mysticism and the New Physics Michael Talbot
- The Cosmic Code, Quantum Physics as the Language of Nature by Heinz R Pagels;
- Philosophical Aspects of Modern Science by C.E.M. Joad
- The Holographic Paradigm
- Causality and Chance in Modern Physics by David Bohm
- Forgotten Truth: The Primordial Tradition by Huston Smith
- Theology After Vedanta by Francis X. Clooney
- Sankara and Indian Philosophy, by Natalia Isayeva
- A History of Early Vedanta Philosophy by Hajime Nakamura
- Encyclopedia of Indian Philosophies and "Vedanta Sutras of Narayana Guru" by Karl Potter and Sibajiban Bhattacharya
- The Upanishads by Sri Aurobindo [4]. Sri Aurobindo Ashram, Pondicherry. 1972.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- The Schools Of Indian & Vedanta Philosophy Archived 2020-12-05 at the Wayback Machine.
- Brahma sutras (Vedanta sutras) online
- Advaita Vedanta and the works of Adi Sankara
- Advaita Vedanta homepage
- Vedanta Society of New York Archived 2019-04-02 at the Wayback Machine.
- Ramakrishna-Vivekananda Center of New York
- Vedanta Society of Southern California (maintains a comprehensive list of Vedanta Society locations worldwide).
- Vedanta Society of Northern California
- Vedanta & Vedanta Philosophy Archived 2013-05-26 at the Wayback Machine.
- From the Unreal to the Real
- NeoVedanta
- "Vedanta in America" Archived 2007-02-23 at the Wayback Machine.
- Nikola Tesla and Swami Vivekananda
- A lecture about Vedanta by Swami Vivekananda
- The Upanishads Sri Aurobindo Ashram, Pondicherry
Deleng uga
[besut | besut sumber]
Artikel gegayutan Hindhu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |