Menyang kontèn

Waru

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Waru
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Génus: Hibiscus
Spésies: H. tiliaceus
Jeneng binomial
Hibiscus tiliaceus
L.

Waru (Hibiscus tiliaceus, suku kapas-kapasan utawa Malvaceae), uga kaloka déning waru laut kaloka dadi wit kangu eyupan ing pinggir dalan utawa ing pinggir kali, galengan utawa ing pasisir. Kamangka ora pati ketel waru disenengi amarga oyote ora jero saéngga ora ngrusak dalan lan wangunan ing saubenge. Waru bisa dibudidayaake kanri cara stek.

Tuwuhan waru asli saka laladan tropis Pasifik kulon nanging sakiki wis kasebar ing kabèh wewengkon Pasifik lan kaloka kanthi manéka warna jeneng: hau (basa Hawaii), purau (basa Tahiti), beach Hibiscus, Tewalpin, Sea Hibiscus, utawa Coastal Cottonwood sajeroning basa Inggris.

Ing Indonésia tuwuhan waru duwé jeneng kaya ta: baru (Gayo, Belitung, Md., Mak., Sumba, Hal.); baru dowongi (Ternate, Tidore); waru (Sd., Jw., Bal., Bug., Flores); haru, halu, faru, fanu (aneka basa ing Maluku); lan liya-liyané.[1]

Morfologi

[besut | besut sumber]

Wit cilik, dhuwur watara 5–15 m. Sajeroning lemah kang subur urip luwih lurus kanthi tajuk kang luwih sempit dibandingake karo wit kang urip ing lemah garing.[1]

Godhong ana cawange, bender utawa bunder endhog wujud jantung kanthi pinggiran rata, garis tengah nganti 19 cm; balung godhong kaya driji,pérangan ngisor godhong ana rambut klawu rapet. Godhong penumpu bunder endhog dawa, 2,5 cm, duwé tilas wujud cincin ing pucuk cawang.[2]

Kembang ngadek dhéwé utawa sajeroning tandang kang kaisi watara 2–5 kuntum. godhong kelopak tambahan duwé taju 8–11, punjul separone nempel. Kelopake dawane watara 2,5 cm,cangap 5. Makutha wujud kipas, duwé kuku cendhek lan amba, 5–7,5 cm, kuning, jingga, pungkasané semu abang, kanthi warna ungu ing bonggole. Buah kotak wujud endhog.[2]

Jinis kang wujud

[besut | besut sumber]
  • Hibiscus similis Bl. (waru gunung utawa waru gombong) duwé wujud wit, kembang, godhong, lan woh kang wujud karo Hibiscus tiliaceus, namung sithik bedane. ing antarané balung godong kang luwi adoh saka bonggole; cawang kembang kang luwih cendhek; godhong kelopak kanfg nempel saparo ; lan winih kang duwé rambut kasar.[2]
  • Hibiscus macrophyllus Roxb. (tisuk utawa waru lanang) duwé wujud wit kang kuru dhuwur, utamanne nalika enom; lan godhong luwih amba.
  • Thespesia populnea Soland. uga ingaran waru laut utawa waru lot; duwé godhong kaya kulit lan ora ana wulune, nanging ana sisik soklat kang rapet, ketok cetha ing godhong enom. Kembange wujud kembang waru nanging cawange, bedane ing putike.[3]

Ekologi lan panyebaran

[besut | besut sumber]
woh kang pecah

bisa urip ing kaanan kang garing lan teles. tuwuhan waru urip apik ing laladan kanthi curah udan 800 nganti 2.000 mm. Waru biyasa ditemoni ing pasisir pasisir kang akèh wedhine, alas bakau, uga ing wewengkon riparian.

H. tiliaceus urip alami ing pasisir-pasisir Asia Tenggara, Oceania lan Australia lor lan wétan. Diintroduksi marang Australia barat daya, Afrika pérangan kidul, lanHawaii.

Manfaat

[besut | besut sumber]

kayu waru bisa digunaake dadi bahan yasan utawa perahu, roda gerobak, gagang perkakas, ukiran, lan kayu bakar. saka kuloit watange, sawisé dikum lan dithuthuki, bisa ngasilaké serat kang ingaran lulup waru. serat iki bisa didadeake tali.[1]

Godhonge bisa didadeake pakan raja-kaya, utawa kang isih enom bisa didadeake janganan. godhong kang diperes bidsa didadeake obat wudun. Godhong enom bisa kanggé penyubur rambut. Yèn digodhog karo gula watu bisa kanggo nyuwerake riak nalika watuk. kuncup godhonge bisa kanggo obat diare kang metu getihe.[1]

Godhonge uga bisa digunaake kanggo mbungkus iwak déning pedhagang ing pasar.

Kembang waru bisa didadeake jam biologi. Kembange mekar ing dina ésuk kanthi makutha warna kuning. ing dina awan wernane malih dadi jingga lan nalika sore malih dadi abang, sadurungé palastra.

Legenda masarakat jawa ya iku kuntilanak seneng wit waru kang miring (waru doyong) kanggo panggonan omahé.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d  Austria Tumbuhan Berguna Indonésia, jil. 3:1312-1314. Terj. Yayasan Sarana Wana Jaya, Jakarta
  2. a b c  Austria Flora, untuk sekolah di Indonésia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 291
  3.  Austria op. cit. Hal. 287

Pranala njaba

[besut | besut sumber]