Menyang kontèn

Otto van Guericke

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Otto van Guericke

Otto van Guericke ya iku penemu pompa banyu.[1] Dhèwèké lair ing Magdeburg, Jerman, tanggal 30 Mèi 1602.[1] Kulawargane kagolong bangsawan.[1] Nalika isih cilik, dhèwèké duwé kasenengan ngemati lintang.[1] Dhèwèké kerep ngemati lintang kanthi migunakaké teleskop.[1] Kesenengan iki kang ndadèkaké dhèwèké nyinaoni komet.[1] Ing taun 1664, kanthi temenen, dhèwèké nganakake panaliten ngenani komet.[1] Asile, dhèwèké bisa ngramal manawa komet bisa teka ing bumi kanthi berkala, dhedhasar interval wektu.[1] Guericke ya iku sawajining penuntut ngèlmu sajati.[1] Sawisé ngrampungaké sekolah dhasar lan menengah, dhèwèké nerusaké sekolah ing Universitas Lepzig, Jerman banjur dhèwèké jupuk Jurusan Hukum ing Universitas Jena ing taun 11621.[1] Rong taun candhaké, dhèwèké sekolah ana ing Universitas Leiden, Walanda, lan jupuk jurusan Matematika lan Mekanika.[1] Sawisé lulus, dhèwèké lunga menyang Prancis lan Inggris.[1] Nalika bali, dhèwèké langsung éntuk gawéan minangka insinyur ing Erfurt, Jerman.[1]

Taun 1627 dhèwèké bali ing Magneburg, lan nyambut gawé ing babagan pulitik.[2] 19 taun candhaké, dhèwèké kapilih dadi Wali Kota Magdeburg, lan njabat suwéné 5 taun.[2] Panemon pompa banyu kawiwitan saka ora percayaning Guerick marang panemuné Aristoteles kang kandha manawa ora ana ruwang kosong ing donya iki.[2] Dhèwèké banjur nganakake percobaan ya iku dhèwèké nyawijeake rong lempeng tembaga dadi bal, banjur udarane dipompa metu.[2] Dadi tabung tembaga mau ora ana udarane.[2] Banjur saka sisih kang kwalikan ditarik déning jaran papat.[2] Nanging, jaran-jaran mau ora bisa misahake lempeng tembaga mau.[2] Nalika udara dilebokake ing tabung, lempeng tembaga mau bisa pedhot.[2] Percobaan mau dibaleni manèh ing Berlin kanthi migunakaké jaran cacah 24.[2] Nanging asile tetep padha, jaran mau ora bia narik lempeng tembaga.[2] Saka perobaan mau, Guerick mbuktekake ngenani téyori kekuwatan tekanan udara.[2] Prinsip iki kang ndasari kerjane pompa banyu.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 210]
  2. a b c d e f g h i j k l [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 211]