Menyang kontèn

Kaos

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaos Charvet wiwit taun 1930-an, Norsk Folkemuseum, Oslo, Nurwègen

Kaos (ꦏꦲꦺꦴꦱ꧀) yaiku sandhangan kain kanggo awak bageyan dhuwur (wiwit gulu nganti pinggul). Kaos ora duweni bênik, ikêr-ikêr utawa sak. Biayasane kaos duweni lêngên cêndhèk, ananging ana uga kang duweni lêngên dawa. Kaos biyasane bahane saka kapas kang wis diolah dadi kain utawa poliester. [1]

Kaos ing jaman saiki wis dadi Sandhangan kang lumrah saben dina dianggo karo wong lanang utawa wadon saka bocah cilik nganti wong tuwa. Ananging ndhisik kaos iku kanggo rangkepan ing jerone kêmejan utawa klambi liyane.[2]

Telung jinis kaos

Sujarah

[besut | besut sumber]

Kaos ing mulane dinggo karo tentara Inggris lan Amerika ing abad ping 19 nganti abad ping 20. Asale duweni jeneng inggris yaiku T-shirt nanging ora ana sing ngerteni jalaran apa dijenengi T-shirt.[3] Ana teori kang ngandhakkake yen jenenge kuwi dijukuk saka bentuk kaos kang awujud huruf "T", uga bisa amarga pasukan militer ndhisik yen latihan nganggo klambi kang diarani "training-shirt" . Teori liyane yaiku saka jeneng cendhek "Tyrannosaurus shirt" amarga lengene kang cendhek kayata kewan kang jejuluk T-Rex kang duweni tangan cendhek.[4]

Lekas populèr

[besut | besut sumber]
Marlon Brando ing filem "A Streetcar Named Desire" ngrasuk kaos oblong warna klawu.

Kaos lekas populer ing taun 1947 amarga dianggo karo Marlon Brando ing pentas teater lakon judhul "A Streetcar Named Desire" anggitane Tenesse William ing Broadway Amerika. Kaos warna klawu kang dianggo Brando cocog kaliyan watak paraga kang dilakonake. Nanging ndhisik pamirsa uga akeh kang ora seneng amarga diarani kurang ajar utawa pemberontakan. [5]

Kaos uga tau diarani klambi kang ora sopan, ora duweni etika. Nanging ing bebrayan, kang isine cah enom ing taun 1947 malah disenengi lan dadi tren utawa lambang kamardikan anggone klamben, nganti kaos dadi rasukan saben dinane bocah nom ing Amérika. [5]

Prakara kuwi mau kang njalari pabrik-pabrik padha lekas nggaweni kaos oblong. Senajan ing wiwite pabrik ora duweni pêpêsthèn kang cetha ananging tetep nggawe kaos ing maneka warna lan jinis, ora lali kanthi promosi lan iklan. Pamor kaos oblong mundhak dhuwur rikala Marlon Brando dadi paraga iklan ngrasuk kaos oblong, clana jeans lan jaket kulit ing modhel iklan.

Amarga kaos oblong wis lekas kondhang kaloka ing manca, ana salah sijining organisasi kang ngarani dheweke "Underwear Institute" ing taun 1961 kang nuntut yen kaos oblong diakoni dadi salah sijining sandhangan kang sopan kaya sandhangan liyane.[6]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "A Breakdown of the Environmental Impact of a Cotton T-Shirt – Treefy". web.archive.org. 2022-08-17. Diarsip saka asliné 2022-08-17. Dibukak ing 2024-12-12.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  2. "A Breakdown of the Environmental Impact of a Cotton T-Shirt – Treefy". web.archive.org. 2022-08-17. Diarsip saka asliné 2022-08-17. Dibukak ing 2024-12-12.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  3. "History of the T-shirt. | Tee Fetch". web.archive.org. 2019-01-07. Diarsip saka asliné 2019-01-07. Dibukak ing 2024-12-12.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  4. "History of the T-shirt. | Tee Fetch". web.archive.org. 2019-01-07. Diarsip saka asliné 2019-01-07. Dibukak ing 2024-12-12.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  5. a b "A Streetcar Named Desire (1951)". www.filmsite.org. Dibukak ing 2024-12-12.
  6. Inc, Time (1942-07-13). LIFE (ing basa Inggris). Time Inc.