Jannah
Jannah (Arab: جنّة) iku swarga sajeroning kapitayan agama Islam. Ana ing eskatologi Islam (ngelmu kang nyinaoni babagan panguripan sawise dina kiyamat), sawisé tekaning pati manungsa bakal diuripake ing sajeroning alam kubur (barzakh) nganti Dina Kiyamat (Yawm al-Qiyāmah). Miturut saréngat Islam, yèn patrape saben wong ing alam kubur iku ora miturut patrap, solah bawa, utawa tumindaké manungsa dhéwé, ananging saka amal kebagusane nalika urip ing donya. Yen amal kebagusane becik lan akeh ditindakake, alam kubure bakal dadi separone jannah (kaswargan) saéngga nikmat, padhang, jembar kubure. Wondene yen amal alane luwih akeh ditindakake, kuburane bakal dadi separone neraka, kebak siksa, sempit, lan peteng ndhedhet lelimengan. Iku mau ora bisa ucul saka tekane dhayoh malaekat 2 aran Munkar lan Nakir. Mayit bakal ditakoni 3 pitakonan déning Malaékat Munkar lan Nakir. Yen bisa mangsuli kanthi cetha lan jangkep, bakal entuk kanikmataning kubur nganti tumekane dina kiyamat. Dene yen ora bisa mangsuli, bakal disiksa déning Malaékat Munkar lan Nakir nganti tumekane dina kiyamat.
Sawise sangkakala kang ketelu disebulake dening Malaekat Israfil, manungsa kang wis tekaning pati ing alam kubur mau banjur padha urip lan gregah tangi saka kubure, wiwit saka manungsa jaman Kanjeng Nabi Adam nganti manungsa pungkasan urip. Para manungsa banjur diklumpukake ing sawijining papan kang amba banget sinebut Padang Mahsyar. Sawisé iku, amale manungsa sasuwene urip ing donya diitung lan ditimbang. Banjur Gusti Allah paring kaputusan adhedhasar amale wong mau bakal lumebu swarga apa neraka wong kang nduwèni amal mau.
Jannah (kaswargan) miturut Islam iku papan kang kebak nikmat, kang disedhiyani Gusti Allah kanggo wong-wong kang padha iman.
Ètimologi
[besut | besut sumber]Tembung Jannah sajeroning basa Arab ndarbèni teges Kebon, mula sajeroning basa Qur'an tegesé Kebon Swarga.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |