Menyang kontèn

Basa Ivri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Basa Ibrani)
Basa Ivri (עברית [I'vrit])
Dipituturaké ing: Israèl
Cacahé penutur: 7 yuta jiwa
Urutan kaping: ora ing tataran 100 gedhé
Rumpun basa
Klasifikasi:
Afro-Asia

 Semitik
  Basa Kanaanit
   Ivri

Status resmi
Basa resmi: Israèl
Diatur déning: Akademi Basa Ivri
Kodhe Basa
ISO 639-1 he
ISO 639-2 heb
SIL HBR

Basa Ivri (עברית, ‘Ivrit) iku basa Semitik saka rumpun basa Afro-Asia kang saiki dipituturaké déning punjul 7 yuta jiwa ing Israèl lan sacacahing wong sajeroning komunitas Yahudi saubenging donya. Ing Israèl, basa iki basa nagara de facto lan salah sijining basa resmi. Basa resmi sijiné ya iku basa Arab. Ing Israèl basa Ivri dipituturaké déning mayoritas kang ndunungi nagara iki.

Sajarah cekak

[besut | besut sumber]

Intisarining Tanakh (Alkitab Ivri תנ"ך) iku tinulis ing basa Ivri Klasik, lan akèh kang dhapuré ditilasaké nganti saiki iku mligi dhialèk Ivri Alkitab kang naté tumuwuh sakiwa-tengené abad kaping 6 SM, nyedhaki Pangguwangan Babilonia. Amerga iki basa Ivri wiwit mbiyèn diarani Leshôn Ha-Kôdesh (לשון הקודש), "Basa Kudus", déning wong-wong Yahudi.

Mayoritas para nimpuna basa sarujuk yèn sawisé abad kaping 6 SM, nalika Kakaisaran Neo-Babilonia mbedhah Yerusalem lan ngguwang kang ndunungi menyang Babilon lan Sirus Agung, utawa Maharaja Pèrsi maringi idin pareng mulih, basa Ivri Alkitab kang katulis ing Alkitab ing panggunan sadina-dina diganti déning dhialèk-dhialèk anyar Ivri lan siji vèrsi lokal basa Aram. Sawisé abad kaping 2, nalika Kakaisaran Romawi mbuwang kang ndunungi Yahudi saka Yerusalem lan pérangan-pérangan nagara Bar Kokhba, basa Ivri angangsur-angsur ilang ora dadi basa kang dipituturaké manèh nanging tetep dadi basa sastra wigati. Layang-layang, kontrak, dagang, sains, filsafat, kadhokteran, tembang, lan undhang-undhang tetep tinulis ing basa Ivri kang miwiti nyerep lan nyilih tembung-tembung saka basa liya lan inovasi tembung anyar.

Basa Ivri salawasé 2.000 taunan dadi basa tinulis waé kang digunakaké déning komunitas Yahudi sadonya nganti dicoba digunakaké dadi basa lésan manèh ing pungkasan abad kaping 19 ing Palèstina déning pangudiné Eliezer Ben-Yehuda, siji aktivis Yahudi kang dudu nimpuna basa. Ben-Yehuda iku Zionis. Nalika iku Palèstina kang kala semana siji provinsi Turki Ottoman, ditekani wong-wong Yahudi kang ngungsi saka Éropa. Para pangungsi iki mituturaké basa kang séjé-séjé, kaya ta basa Yiddish lan basa Ruslan, dadi siji basa panunggal diprelokaké.

Basa Ivri banjur digunakaké manèh lan ditambah-tambahi tetembungan saka basa-basa Éropa, mligi basa Ruslan, basa Jerman, lan basa Prancis. Saliyané iku mligi Ben-Yehuda uga nambah-nambahi tetembungan saka basa Arab kang isih kerabat. Sawisé iku basa Ivri dadi basa resmi ing Laladan Mandat Britania Palestina ing taun 1921 karo basa Arab lan basa Inggris. Banjur ing taun 1948 nalika nagara Israèl diproklamasèkaké, basa Ivri dadi basa resmi Nagara Israèl.

Aksara Ivri

[besut | besut sumber]
Aksara Jeneng Uni Transkripsi
א Alef /'/  
ב Beth /b/ /v/ b
ג Gimmel /g/ g
ד Dalet /d/ d
ה He /h/ h
ו Waw /v/ v
ז Zayin /z/ z
ח Kheth /x/ kh
ט Thet /t/ t
י Yod /y/ y
ך כ Kaf /k/ /kh/ k
ל Lamed /l/ l
ם מ Mem /m/ m
ן נ Nun /n/ n
ס Sammeg /s/ s
ע 'Ain /?/ '
ף פ Pe /p/ /f/ p
ץ צ Tsade /ts/ ts
ק Qaf /q/ q
ר Resy /r/ r
ש Syin /sy/ /s/ sy
ת Taf /t/ t

Abjad Ivri kasusun saka 22 aksara. Tèks Ivri kuna iku ditulis gundhul tanpa swara.

Bibliografi

[besut | besut sumber]