Mata angin
Praèn

Prakata
Mata angin kuwe pedoman kanggo nentokna arah. Kiye umum dienggo kanggo kegiatan sing ana hubungane karo navigasi karo peta.
- Arah Lor (0°)
- Arah Lor-Wetan (45°): Anane kuwe antara lor karo wetan
- Arah Wetan (90°)
- Arah Kidul-Wetan (135°): Anane kuwe antara kidul karo wetan
- Arah Kidul (180°)
- Arah Kidul-Kulon (225°): Anane kuwe antara kidul karo kulon
- Arah Kulon (270°)
- Arah Lor-Kulon (315°): Anane kuwe antara lor karo kulon
Perangkat sing umum dienggo kanggo nentokna arah mata angin kiye umume diarani kompas.
Cara Nentokna Arah
Akeh cara kanggo nentokna arah mata angin, nganggo perangkat kompas kuwe mung salah sijine, cara liyane antarane:
Nganggo pedoman srengenge
Srengéngé mlethèk ing sisih wetan, lan angslup ing arah kulon.
Nganggo pedoman alam
Antara liya nganggo pathokan rasi lintang Waluku utawa lintang Gubuk Pèncèng ( Basa Indonesia : Biduk Selatan). Garis sing ditarik sekang sikilé rasi lintang Waluku nidokna arah kidul.
Arah Liya
Deleng Uga