Menyang kontèn

Wédang jaé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 12 Oktober 2022 03.45 déning Labdajiwa (parembugan | pasumbang)
() ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)
Wédang jaé

Wédang jaé utawa wédang jahé iku ombèn-ombèn kang digawé saka bahan jaé. Wédang jaé nduwèni kasiyat bisa ngangetaké awak, nambani masuk angin lan weteng kembung. Wédang jaé digawé saka jaé kang dibakar, banjur diwènèhi banyu panas lan gula. Wédang jaé luwih énak diombé ing wayah soré utawa ing mangsa rendheng.